Lirik Album Koesplus Pop Jawa Vol. 2

Judul Lagu : E O E
Penyanyi    : Yon Koswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 2 (1974)

E o e ... anak kadal jare tobil
E o e ... cagak awak jare sikil
E o e ... kembang jambu jare karo
E o e ... piring godhong jare pincuk


*)
Sopo wani ni ni ni ... karo aku .. ku..ku .. ku
Tak bedhile le..le..le ... mimis wesi

Sopo wani ni ni ni ... karo aku .. ku..ku .. ku
Tak bedhile le..le..le ... mimis wesi

kembali *)
E o e ... saikine jaman edan 
E o e ... nek ra ngedhan ra keduman 
E o e ... godhong kudhu wohe pace 
E o e ... yen kliru ojo diece

kembali *)  ... 2x fade out

Judul Lagu : Jaran Kore
Penyanyi    : Tony Koswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 2 (1974)
Re re re jaran kore
Jarane ... mlayu ngetan
Sing numpak'i ... mbok perawan
Melakune nunjang nunjang 

Re re re jaran kore
Jarane ... mlayu ngidul
Kendaline ... sido ucul
Pak tani kelangan pacul

*)
Te te te te tak undange
Ojo nganti ... jo nganti dadi gawe

Re re re jaran kore
Jarane ... mlayu ngulon 
Mung ... playune rodo alon
Sayahe tan soyo katon

Re re re jaran kore
Jarane ... mlayu ngalor
Suarane ... koyo lampor
Sore sore nggowo obor

Te te te te tak undange
Ojo nganti ... jo nganti dadi gawe

Judul Lagu : Kolang kaling
Penyanyi    : Murry
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 2 (1974)

Pagupon omahe doro
Wetan kulon akeh segoro
Nyambut gawe ojo sembrono
Mengko mundhak uripe soro

Reff :
Lang kaling konco ... di irisi
Lang kaling konco ... di icipi
Yen eling ... konco 
Bakal mukti

Interlude
Back to Reff :

Rokok kretek ... taline lawe
Omah gubug ... dilabur putih
Uwong urip ... jok seneng ngece
Gotong royong iku mestine

Back to Reff :
(*repeat*)



Judul Lagu : Memelas temen wong kuwi
Penyanyi    : Tony Koswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 2 (1974)


Memelas temen wong kuwi
Lali pepadhange
Ngalor lan ngidul parane,
Sak kersane dewe


Memelas temen wong kuwi,
Dudu sandhangane
Sopo kang kerso maringi
Terangi jerone


Reff :
Ing endi dununge, ing endi parane
Goleko sumbere, dewe-dewe


Interlude:
Back to Reff :

Memelas temen wong kuwi,
Lali pepadhange
Ngalor lan ngidul parane,
Sak kersane dewe


(*repeat*)
Memelas temen wong kuwi

Judul Lagu : Nggoda ati
Penyanyi    : Yon Koswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 2 (1974)

*)
Bocah siji kuwi
Lah kok nggoda ati
Saben aku liwat
Lah kok nggoda mripat


Aku pengen kenal
Durung nduwe akal
Atiku deg degan
Rasane kasmaran


Reff:
Roso sungkan mestine
Durung ngerti carane
Ati mesti miwiti
Ora wani


Roso ati dheg dhegan
Temu mata pisanan
Sajak ono maksude
Dhewe dhewe


Interlude:
Back to Reff :
Back to *)

Judul Lagu : Opo tumon
Penyanyi    : Koeswoyo Senior
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 2 (1974)

O..opo tumon ... opo tumon
Gawe lagu ... kok sinambi guyon
Pancen aneh ...pancen aneh
Najan nyleneh ... kok disenengi wong akeh

Reff:
Jo di ece ... mesa’ake
Wong lagune ... nyenengake
Sopo wae ... sing mirengake
Lanang wadon ... podo njoget alon-alon

Interlude:
Back to Reff:
(*repeat*)

Judul Lagu : Padhang bulan
Penyanyi    : Yon Koswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 2 (1974)

*)
Ayo konco do dolanan,
Nggelar kloso ing plataran..
Ojo tansah mikirake ... susah
Pisan pisan kudu bungah..

Tetembangan lagu jowo,
Nggo tombo ati nelongso..
Ojo tansah nurutake ... susah,
Gawe pikiran ra nggenah..

Reff :
Ayo konco nembang bebarengan,
Mumpung padang rembulane..
Ojo tansah mikirake susah
Pisan pisan kudu bungah..

Interlude
Back to Reff :
Back *)


Judul Lagu : Pak Guru
Penyanyi    : Murry
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 2 (1974)

Abot sanggane
Tugase bapak guru
Saben dinane
Mbimbing putro putrine

Pancen pak guru
Kudu sabar atine
Bungah lan susah
Wis dadi tanggungane

*)
Ngelingono ...
Mbesuk yen kowe mukti 
Pituture ...
Ojo nganti dilalekke

Interlude
Back *)

Esuk lan sore
Panjaluke pak guru
Supoyo mulyo
Kabeh putra putrine

Judul Lagu : Rondho katut
Penyanyi    : Yon Koswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 2 (1974)

*)
Wong isih joko
Jarene uwong merdika
Sok lungo lungo
Sajake rodo sembrono

Wis tau ribut
Goro goro rondo katut
Sajak kebacut
Pringas pringis rupane kecut

Reff :
Ora ngaku piye
Wong sak kampung
Kabeh podho ngece

Jarene mung seje
Ra karepe

Interlude
Back to Reff:
Back to *)

Judul Lagu : Salah mongso
Penyanyi    : Yok Koswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 2 (1974)

*)
Wis wayahe kabeh podo tandur
Ora ono wong kang podo nganggur
Tegal sawah kudu diopeni
Ojo nganti kebak karo eri

Interlude :
Reff:

Lha kok ngene dadine
Salah mongso sajak'e
Kabeh gundhul ... ora biso thukul
Interlude :

(*repeat*)
Back to *), Reff:, *)

Judul Lagu : Til konthal kanthil
Penyanyi    : Yon Koswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 2 (1974)

Pak Gemak klambi abang 
Nek disuduk manthuk-manthuk
Sing jujur lan temenan
Mung lestari kang kepethuk

Pak Kromo dodol soto 
Nek ga payu gela gelo
Sing elek lan sing bodo 
kabeh podho duwe jodho

Reff:
Kebo Ijo, Singosari.
Kebo Ijo, Singosari.
Jo maido, nggegirisi.

Pak Bejo menek klopo 
nek tibo dadi Janoko
Sing awas lan waspodo
ojo nganti do sembrono

Pak Kerto numpak kreto 
liwat kreteg Kertosono
Kabeh saeko proyo
podo tentrem lan raharjo

Back to *)

Thil konthal kanthil gandul, 
konthal kanthil konthal gandul ……. 4x fade out

Judul Lagu : Yo ben
Penyanyi    : Yon Koswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 2 (1974)

Pancen ora ngertekake
Mlarat kabeh podho ngece
Pancen kabeh ora nggenah
Sugih tansah difitenah.


Ben kabeh podho polah
Meri marang uwong bungah
Ben gawe ulah ulah
Mengko dewekne sing bubrah.


*)
Ben ngece sak geleme
Yo ben ngece sak karepe
Mitenah sak warege
Golek pangan dewe dewe


Wong urip kok merinan
Ora gelem dho kangelan
Isone mung ra seneng marang liyan.


(*repeat) ... sampai *)

3 komentar:

Kanaga mengatakan...

makasih ea

Unknown mengatakan...

Siip , matur muwun

Unknown mengatakan...

Jooos gandus lagunu gwe eling byen cilik anku bpa nyetel lagu iki 😍😍😍

Posting Komentar