Lirik Album Koesplus Pop Jawa Vol. 3

Judul Lagu : Bido bido dadamu putih
Penyanyi    : Yon Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 3 (1975)

Bido - bido dadamu putih... 
Nyamber nyamber mergo ngelih
Sworo sambat lirih  lirih ... lirih lirih


Bido - bido dadamu putih...
cucuk cakar mambu getih...
Mangan kuthuk milih-milih ... milih milih


*)
Ning nong ning gung pak Bayan...
Sego jagung ora doyan...
Jangan kangkung ora mangan
Ning nong ning gung pak Bayan...

Interlude 
Back to *)
(*repeat*)

Judul Lagu : Kebon melati
Penyanyi    : Tony Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 3 (1975)

*)
Bandeng campur uyah
Kok pindang dadine
Seneng opo susah
Gaweane dhewe

Semut jare gajah
Ra' goroh dadine
Yen kakean polah
Rasakno dhewe

Reff:
Wis rong tahun jare kenal karo kenyo
Omahe tengah kebon melati
Ati bingung jare nandang loro bronto
Tansah kelingan kebon melati

Karung isi wedi
Kanggo mbedung kali
Urung opo dadi
Isih durung ngerti

Londo numpak balon
Kathik mangan roti
Yen sido kelakon
Yo sing ... gemati

Interlude :
Back to *) 

Judul Lagu : Keripik tempe
Penyanyi    : Yon Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 3 (1975)

Kripik tempe ...
sak sen loro wis regane
Kripik tempe ...

sing marai narik ati
 

Sing dodol ayu 
Kelambine biru
Ngguya ngguyu 

Sajak seneng karo aku

Diulang dari awal
Interlude:
Di ulang dari awal sampai akhir 2x ....

Judul Lagu : Mbak mbak mbe
Penyanyi    : Yon Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 3 (1975)

Wis suwe ora jamu
Jamu pisan godhong katu
Wis suwe ra ketemu
Temu pisan ngajak ngguyu

Chorus
Mbe kembe kembe kembe
Tung kotang katung kate 

Mbe kembe kembe kembe
Tung kotang katung kate

Wis suwe ora jamu
Jamu pisan godhong kunir
Wis suwe ra ketemu
Temu pisan dadi pikir

Back to Chorus :

Sutro ungu ... kanggo kemben
Pekso ketemu mesam mesem
Sutro abang ... tengahe ireng
Jo sumelang yen podho seneng

Back to Chorus :
Interlude :
Back to Chorus :


Judul Lagu : Nyai enda endo
Penyanyi    : Yon Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 3 (1975)

Nyai endha-endho
Jogetmu serba lingguh
Têmokno dhuwit sêthêng
Nang konang pating gêronang


Nyai endha-endho
Jogetmu
serba lingguh
Têmokno dhuwit sêthêng
Byag kobyag pating gêrobyak


Lir katu mênyan madu
Sing ngundang dewo
Dewo dewo layone
Layone putro maubung


Maubung sing ngundang dewo
Rêh ning dewo
Widodari sampun têko
Tak lilir-lilir ugo


(*repeat*)


Judul Lagu : Ojo dumeh
Penyanyi    : Yon Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 3 (1975)

*)
Piyik anak doro ... dipakani
Cilik diupokoro ... diopeni
Ireng karo kuning ... kosok bali
Bareng gedhe gedhe ... lha kok lali

Reff :
Ora usah jarene ... ngelingi biyene
Nasibe wong jarene ... dhewe dhewe

Krete anak boyo ... kok medeni
Jare ngaku setyo ... kok mblenjani
Kolak kacang ijo ... disanteni 
Bareng anak bojo ... dadi lali

Ojo dumeh saiki
Wis akeh buyute
Banjur ora ngelingi
Dek biyene

Back to *)

Judul Lagu : Ojo ngece
Penyanyi    : Yon Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 3 (1975)

Ojo ngece ... konco
Wong ora duwe
Yen arep ngece ... konco
Ngilo dhewe

Ra no gunane ... konco
Wong ece  ece 
Luwih becik podo ... seduluran

Reff :
Luwih becik konco ... bebarengan
Nyambut gawe ... konco
Sing temenan ... konco

Luwih becik konco ... bebarengan
Mbangun deso ... konco
Sing tumoto

(*repeat*)

Judul Lagu : Rambate
Penyanyi    : Yon Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 3 (1975)

Ngertio poro konco
Ing tembe mbok menowo
Jamane bakal bungah
Murah sandang pangan ... g
emah ripah
 

*)
Rambate ... rata hayo
Ayo poro konco
Kabeh sing tekun makaryo


Rambate ... rata hayo
Ayo poro konco
Kabeh sing tekun makaryo

 

Back to *)
Ngertio ... ojo ngece
Yen kabeh ... crito dhewe

Temandang nyambut gawe
Sing tekun makaryo .... sak temene


Back to *) 
Interlude :
Back to *) 


Judul Lagu : Rujak cingur
Penyanyi    : Yon Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 3 (1975)

Rujak cingur
Pantese diwadahi piring
Kluyar kluyur
Goleki sing lencir kuning


Rujak dondong
Pantese diwadahi lodong
Kloyang kloyong
Goleki sing moblong moblong


Rujak nanas
Pantese wadhahi gelas
Ati panas
Diapusi wong sing bregas


Rujak wuni
Pantese wadhahi basi
Wong wis janji
Jebule nggelakno ati


(*repeat*) ... 2x fade out
Judul Lagu : Sarinah
Penyanyi    : Koesplus
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 3 (1975)

*)
Oo ... Sarinah
Tak kandhani nah ... ojo mlayu
Oo ... Sarinah
Opo seneng nah ... karo aku

Reff:
Rupamu ayu ... selendangmu barong
Gedhe dhuwur nah ... moblong moblong 
Rupamu ayu ... dekik pipimu
Opo seneng nah ... karo aku

Interlude:
(*repeat*)   
Judul Lagu : Surate wanito
Penyanyi    : Yon Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 3 (1975)

Wis tau tompo ... surate wanito
Isine rodo dowo
Bareng tak woco ... surasane tresno
Kabeh dikandhakno ... kanti nyoto
 

*)
Atiku nelongso ...aku ora ngiro
Kok ono wanito ... gelem karo aku
 

Opo cah ...aku
pawa’anku lugu
Patrapku ... rodo kaku
 

Tak pikir-pikir ... 
pancen rodo lucu
Lha wong durung nate ...do ketemu
 

Diulang dari *)

4 komentar:

Bapake Diyah mengatakan...

dene anak boyo ???
krete anak boyo

Kanaga mengatakan...

Mantap

Kris Setya Bima hartanta mengatakan...

Mantap jiwa

KUKI mengatakan...

Indah sekali, kembali mengenang masa kecil.

Posting Komentar