Lirik Album Koesplus Pop Jawa Melayu

Judul Lagu : Dhawuhe wong tuwo
Penyanyi    : Yon Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Melayu (1976)

Duduh wadahi kwali
Kacang dikuliti
Dawuhe bola bali
Wong tuwo malati

Jladren di sok ing panci
Katun jare mori
Yen to sok wani wani
Getun tibo mburi

Reff :
Ojo ... lali ....ngajeni wong tuwo
Ojo podo sembrono
Ojo gawe gelo

Marakno urip ciloko
Awakmu bakal sengsoro

Interlude
Back to Reff :

Marakno urip ciloko
Awakmu bakal sengsoro  ... 3x fade out

Judul Lagu : Ho no co ro ko
Penyanyi    : Tony Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Melayu (1976)


Ono ini ono ... ono ini ono
Ono ini ono ... ono ini ono
Ono ini ono ...

*)
Ayo podo menyang solo
Menyang solo golek opo
Golek sing biso moco
Sing nganggo aksoro jowo

**)
Ono ini ono ... ono ini ono
Ono ini ono ... ono ini ono
Ono ini ono ...
Ca ro ko do to so wo lo
Ca ro ko po do jo yo nyo
Ca ro ko monggo bo tho ngo
Yo iku aksoro jowo

Interlude
Back to *), **),*),**),*) ... fading

Judul Lagu : Kembang enceng enceng
Penyanyi    : Tony Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Melayu (1976)


*)
Kembang enceng-enceng 
Kembange surodadu
Mbiyen renteng-renteng 

Saiki ngajak padu

Kok nganioyo lelakon iki
Karem neng ndonyo 
Nganti podo lali

Sajen pakan demit 
Wit ringin dimenyani
Mbiyen katon sengit 

Saiki disenengi

Pancen yo ngono watak manungso
Bedo nek mbiyen bedo nek saiki


Reff:
Ojo lali ... sing waspodo
Jo sembrono ... ngati-ati
Sing prayitno ... jo sendeo
Jo sembrono ... ngati-ati


Interlude
Back to Reff :, *)
Judul Lagu : Kutut
Penyanyi    : Tony Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Melayu (1976)


Manuke glatik  ... mabur mabur
Ngisore lagi ... pada tandur
Sinambi tetembangan 
Tembang pangkur 

Manuke glatik mabur (uuau ... au ... uu)
Ngisore lagi tandur (uuau ... au ... uu)
Sinambi tetembangan (uuau ... au ... uu)
tetembangan tembang pangkur (uuau ... au ... uu)

Manuk'e emprit klepar kleper
Sing duwe lagi mangan lemper
Kesuwen ngundhuh manuk
Biso klenger

Manuke klepar kleper (uuau ... au ... uu)
Sing duwe mangan lemper (uuau ... au ... uu)
kesuwen ngundhuh manuk (uuau ... au ... uu)
Manuk'e biso klenger (uuau ... au ... uu)

Manuk'e kutut manggung
Ngisore lagi ngombe wedang
Mung trimo mangan pisan
Sego wadhang

Manuk'e kutut manggung (uuau ... au ... uu)
Ngisore lagi ngombe wedang (uuau ... au ... uu)
Mung trimo mangan pisan (uuau ... au ... uu)
Mangan pisan sego wadhang (uuau ... au ... uu)
Judul Lagu : Lingsir ngulon
Penyanyi    : Tony Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Melayu (1976)

Esuk esuk ... srengengene
Soko wetan ... kato padhang
Sato kewan ... podo nglilir
Bebarengan ... tetembangan

Angin kang adem sumilir
Soko kulon ... lan padesan

Kali bening ... lan banyune
Soko duwur  ngresep'ake

Wit kang luwur ... lan ngisore
Nyenengake ... ora ndewe

Awan awan ... srengengene 
Lingsir ngulon ... rodo ayom

Kabeh koyo ... wis mestine
Lan manembah ... pengerane

Haa ... aaa ... aaa .. aa aa
Haa ... aaa ... aaa .. aa aa

Judul Lagu : Mesak'ake
Penyanyi    : Yon Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Melayu (1976)

Nandur gadung rambatke nyang wit pace
Sawo kecik dicampur jambu mete
Wong wis kadung mengkene njur kepriye
luwih becik diatur dirampungke ..

Reff :
ooe ... jo diece, ooe ... mesak'ake
ooe ... yo ben wae ... pancen wis begjane

Rowe rowe manggare kembang jambe
Kembang melati sakotak disebarake
Wis suwe ngrasake rekasane
Yen saiki kepenak wis wayahe

Back to Reff
Interlude
(*repeat*) ... 3x fading
Judul Lagu : Ngene rasane
Penyanyi    : Tony Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Melayu (1976)

Aduh ngene rasane ... Aduh ngene rasane
Atiku kok koyo ngene ... 
Yen bengi raiso turu ... Tansah pengen ketemu
Kelingan liri’ane mripate

Aduh opo tambane ... aduh opo tambane
Atiku kok koyo ngene
Ra mangan ora luweh ... ning awak ra kepenak
Rasane kepengen arep ngglethak

*)
Ora…, ngerti
Kang tuwuh ing ati koyo iki
Aku…, ngiro
Katresnan pisanan sing tak roso

Interlude
**)
Ora…, ngerti…
Kang tuwuh ing ati koyo iki
Aku…, ngiro…
Katresnan pisanan sing tak roso

Aduh ngene rasane ... Aduh ngene rasane
Atiku kok koyo ngene ... 
Yen bengi raiso turu ... Tansah pengen ketemu
Kelingan liri’ane mripate

Judul Lagu : Ojo ngono
Penyanyi    : Murry
Album         : Koesplus Pop Jawa Melayu (1976)

Pura pura ora ngerti
Ojo ngono .. ojo ngono
Wong wis kenal ngaku lali
Ojo ngono .. ojo ngono

Reff:
Eling eling wiwitane kowe sing janji
Eling eling kowe dhewe sing mara marai

Bareng mukti kowe lali b
Bareng mulyo kowe lungo

Interlude :
Back to Reff:
(*repeat*)

Judul Lagu : Pokale olo
Penyanyi    : Tony Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Melayu (1976)

*)
Cakil watak'e ... nakal
Pancen gawene mbegal
Mbegali wong le .. lungan
Seneng ngrampasi ... barange
Wong lagi dagang

Cakil buto ... alasan
Watak'e galak ... brangasan
Ora peduli ... wong mlarat
Ben mung selawe ... dhuwite
Mesti di babat

Reff:
Mulo sing ati ... ati
Mbok yo ajo .... sembrono
Buto sing siji ... iki
Pokale olo

Back to *)
Interlude
Back to Reff: , *)
Judul Lagu : Sak ukuran
Penyanyi    : Tony Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Melayu (1976)

*)
Sinten sinten sing purun kulo dongengi
Dongenge bongso bongso ing alam donya
Wiwit mbiyen lan ngantos jaman sak niki
Podo udur podo kisruh sak kersane

Wonten sing kondo awit dosa asale
Dosa asal tambah dosa pribadine
Kados crito tanpo bongkot lan pucuk'e
Kenging kangge leresake tindak'ane

Reff :
Salah ... nggih sanjange
Leres ... nggih unine
Manungsane dhewe
Sing nganakke ... lah nggih

Sinten sinten sing purun kulo dongengi
Dongenge bongso bongso ing alam donya
Wiwit mbiyen lan ngantos jaman sak niki
Podo udur podo kisruh sak kersane

Back to Reff :
Back to *)

Judul Lagu : Sorak hore
Penyanyi    : Yok Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Melayu (1976)

*)
Padang bulan ... padange koyo rino
In padesan ... bocah bocah do ning njobo
Dedolanan gegojegan sak kancane
Rame rame ... podo sorak sorak hore

Padang bulan ... padange koyo rino
In padesan ... bocah bocah do ning njobo
Dedolanan gegojegan sak kancane
Rame rame ... podo sorak sorak hore

Reff :
Ayo konco konco kabeh sing temoto
Wong wis nyoto padesan dasare projo
Yen to temenan lan becik penerape
Gemah ripah murah pangan lan sandangan

Back to *), Reff :

Judul Lagu : Wong urip
Penyanyi    : Tony Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Melayu (1976)

*)
Bong kuburan cino
Wong nek sombong bakal ciloko
Bong kuburan mayit
Wong nek sombong bakal kecepit

**)
Pring isine arak
Nek wis iling mbok sing semanak
Pring isine banyu
Nek wis eling mbok yo sing lugu

Reff :
Wong urip koyo rodha
Nek dong mumbul ojo sembrono
Sing podo elingo
Jaman malik ra eling eling

Interlude : 
Back to **) , Reff, *)

6 komentar:

Unknown mengatakan...

terima kasih catatan lagu-lagu lamanya.... bisa dinikmati....

Unknown mengatakan...

terima kasih lirik lagunya, saya tunggu karya bpk Tri untuk koes plus pop melayu lainny

miluk mengatakan...

mantab kang.. liriknya.. baru bisa mengerti sekarang..

Unknown mengatakan...

Lagu kenangan bapak..

Unknown mengatakan...

The legend

Anonim mengatakan...

REFRESH INGATAN SAMBIL GOYANG BADAN...ASYIK

Posting Komentar