Lirik Album Koesplus Pop Jawa Vol. 1

Judul Lagu : Atiku Gelo
Penyanyi    : Yon Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 1 (1974)

Ati gelo ... yen eling pacarku
Wiwitane ... tresno banget aku
Dek biyene pancene dhewekne
Sing tak pikir ... rino klawan bengi


Reff :
Lha piye to konco aku ora ngiro
Jare lunga diutus wong tuwo
Bareng tak nyatakke karo priyo seje
Pteta ptete sajak ngece ece


Ndilalahe wong yen lagi mendem
Tresno pisan tresno sajak marem
Mata peteng, kuping ora mireng
Diapusi slintat slintut ora ngerti


Back to Reff :
Interlude 
Back to Reff : .... 3x fading
 
Judul Lagu : Bali
Penyanyi    : Tony Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 1 (1974)

*)
Sopo kang wis nate tindak menyang Bali
Pulo dhewoto endah ngelam-elami
Putra-putri podo sesaji ing puri
tetembangan matur trah dewo kang suci


Bali..Bali..
Bali..Bali..


Yen padang rembulan ... kabeh bebarengan
Jejogetan ngarep candhi ing plataran
Ngaturake beksan suci ing Pengeran
Kang wis paring gesang tuwin kasuwargan


Interlude : 
Back to *) 

Judul Lagu : Ela elo
Penyanyi    : Yok Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 1 (1974)

Pitik cilik mlebu omah mabur mabur
Omah gedhe, omah gedhe pinggir tegalan
Isih cilik, isih cilik gampang diatur
Barang gedhe, barang gedhe ugal ugalan


Reff :
E la e lo ... sawo dipangan uler
E la e lo ... wong bodho ngaku pinter
E la e lo ... aja sok da ngapusi
E la e lo ... mengko getun tiba mburi


Interlude :
Back to Reff:

Manuk blekok saka wetan kecanthol eri
Wetan kali, wetan kali omahe wewe
Arep alok, arep alok ora wani
Mergo ngerti sing nggawe bapakne dhewe


Back to Reff: ... 3x fading
 
Judul Lagu : Katresnan
Penyanyi    : Tony Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 1 (1974)

Katresnan oh katresnan
Kang tulus lan temenan
Ra ono kang biso gawe
Ra ono kang biso ngarang


Katresnan oh katresnan
kang tuwuh ing atiku
Ra liyo kanggo sliramu
Kaya donga pujiku



*)
Tak tunggu sliramu
Ing tembe ketemu
Ra ono liyane
Kajaba sliramu


Katresnan oh katresnan
Kang lagi lan pisanan
tansah pengin bebarengan
Nganti aku kasmaran.


Interlude
Back to *) ... 2x fade out


Judul Lagu : Ojo Gelo
Penyanyi    : Yok Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 1 (1974)

Wiwit mbiyen mula aku rak wis kandha
aja enggal enggal seneng karo aku
Mergo aku iki uwong ora duwe
Aku wedi mengko gelo tiba mburi


*)
Aja gelo … aja gelo … aja gelo
Aja gelo … aja gelo … aja gelo
Aja gelo … aja gelo … aja gelo
Aja gelo … aja gelo …tembe mburi


Interlude
Back to *)

Bareng uwis ngerti sajak ragu ragu
Ora dadi opo yen kok putusake
Luwih becik ngono ora dadi gawe
Mergo aku wedi  gelo tiba mburi


Back to *) ... fade out

Judul Lagu : Ojo nelongso
Penyanyi    : Yon Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 1 (1974)

Jo podo nelangso jamane jaman rekoso
Urip pancen angel, kudune ra usah ngomel
 
*)
Ati kudu tentrem, nyambut gawe karo seneng
Ulat aja peteng, nek dikongkon ya sing temen


Reff :

Lha opo to konco ... ati kerep loro
Ra gelem rekoso budidaya
Pancen kabeh podo ... pengin urip mulyo
Wiwitan rekoso pancen nyoto


(*repeat*)
Interlude
Back to *), Reff ... fade out

Judul Lagu : Omah Gubug
Penyanyi    : Yon Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 1 (1974)

Esuk esuk adus resik njur lungo macul
Ojo suluk wong kang becik ra mesthi gundhul
Awan awan ora udan ojo payungan
Yen ra doyan, mbok yo ojo melu kondhangan


Reff :
Wong arep ngundhuh klopo ora bisa menek
Mbok ojo kondo kondo klapane elek

Sore sore lungguh ngebuk dho mangan tempe
Ojo ngece omah gubuk omahe dhewe


Interlude :
Back to Reff :

Judul Lagu : Ora biso turu
Penyanyi    : Yon Koeswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 1 (1974)

Aku durung tau ora biso turu
Rino wengi tansah mikirake
Putri paling ayu rumongso atiku
Kejobo dhewekne rano liyo


*)
Ra angkuh bocahe luhur bebudene
Manut marang bopo lan biyunge


Interlude
Back to *)

Wah piye carane ngentukake dhekne
Mongko aku emoh sing liyane
Tak slimur atiku ugo pikiranku
Ojo nganti keno lara kuru


Judul Lagu : Pak Tani
Penyanyi    : Murry
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 1 (1974)

Ayem tentrem ing desane ... Pak tani
Urip rukun bebarengan
Mbangun desa sak kancane ... Pak tani
Nyambut gawe tanpa pamrih


Reff:
Wayah esuk ... 
Wis podho nggiring sapine
Rame rame ... 

Nggarap sawah lan kebonne

Interlude
Back to Reff :

Pancen luhur bebudene ... Pak tani
Keno kanggo patuladhan
Nyambung urip sak anane ... Pak tani
Jujur tindak lan lakune


Judul Lagu : Sayur asem
Penyanyi    : Koeswoyo Senior
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 1 (1974)

Dhi ... cah ayu
Yen nyayur opo sayur asem
Dhi ... cah ayu
Yen matur ojo mesam-mesem


Dhi ... cah ayu
Yen masak opo masak terik
Dhi ... cah ayu
Yen nyedhak ojo plirak plirik


Reff :
Kendhi cilik
Isine ‘ra piro-o
Yen adhine plirak-plirik
Mbakyune keloro-loro


Kendhi kuning
Isine bening
Yen adine nyondhang-nyandhing
Mbakyune gulung-koming


(*repeat*)

Judul Lagu : Tul jaenak
Penyanyi    : Yon Koswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 1 (1974)

Gulo jowo rasane legi
Kripik mlinjo dipangan asu
Arep mulyo kudu mersudi
Buto ijo aja digugu


*)
Tul jaenak jaejatul jaeji
Kuntul jare banyak
Ndoke bajul kari siji


Abang abang gendero londo
Wetan sithik kuburan mayit
Klambi abang nggo tondo moto
Wedhak pupur nggo golek dhuwit


Back to *) ... 4 x fade out

Judul Lagu : Tunggak Jati
Penyanyi    : Tony Koswoyo
Album         : Koesplus Pop Jawa Vol. 1 (1974)

Sopo kang mirengake
Dhawuh wiku mbiyene
Sajak mung ece ece
Opo yo tenane


Iku mau critane
Kito kabeh kang gawe
Jati opo jarake
Sumangga ... kersane


Reff :
Tunggak jarak …. mblarak
Tunggak jati …. semi
Disirami dijaga kang titi
Tunggak jarak …. mblarak
Tunggak jati …. semi
Jati tuwo cagake pendopo


Tegese tembung jarak
Sejane mulang sarak
Tegese tembung jati
Sejane mukti


Interlude :
Back to Reff : ... 2x fade out

0 komentar:

Posting Komentar